Jumat, 19 Desember 2008

Sambutan Dakwah

oleh DR. Ir. Arifin Nugroho

Bismillahirahmaanirrahiim.
Assalamu'alaikum wr wb,

Sedaya puji hamung konjuk ing ngarsanipun Pangeran ingkang tuhu Maha Welas lan Maha Asih, lan awit saking sedaya karsa saha peparinging Gusti Ingkang Maha Wikan saestu kita sedaya kedah rumaos syukur bagja kamayangan atas sekathahing laksan kanikmatan ingkang kaparingaken dumateng kita sedaya ingkang tartamtu langka saupamia bade kapetang. Lan ing antawisipun sedaya peparing wau temtu mboten saged hanyameni kekalihing ganjaran ingkang tumanduk dumateng kita sedaya inggih punika, nimat Islam dan Nikmat Iman. Awit saking kanyatan bilih sok sintenna ingkang ngrasuk Islam kanthi sakleres-leresipun ing ngriku kita badhe manggih kaslametan ing donya tumeking delahan. Kosokwangsulipun, sok sintenna ingkang klentu ngrasuk agama sanesipun Islam, sampun kapesthekaken bilih piyambakipun klebet golonganipun ingkang cures, rugi, telas, ing akheratipun:

3:85
Lan sapa wae kang golek agama saliyane agama Islam, dheweke bakal ora tinampa, lan dhewekne mengko ing akhirat klebu ewone wong kang nemoni kapitunan.


39:22
Yen mangkono, apa wong sing wis ginanjar dening Allah ing dadane arupa Islam, banjur dhewekne tetep ana ing sunaring gustine, (arep dipadakake karo) wong sing cilaka amerga atine wus wangkot kanggo ngelingi maring Allah. Sing mangkono iku klebu ewoning wong kang keblasuk kang nyata.


61:7
Lan ora ana wong sing luwih zalim tinimbang karo sok-sapaa sing ngarang lan goroh maring Allah, kamangka dewekne wis dipakon (tampa dhawuh) murih ngrasuk maring Islam. Lan Allah ora bakal kersa paring pituduh menyang wong-wong kang zalim.

Pramila sumangga kita nyantosakaken budi hangrasuk Islam kanthi ikhlas lan sak-leres-leresipun. Sampun ngantos kasep anggen kita dados muslim ing satuhu-tuhunipun awit wekdal utawi sangat punika wontenipun namung cupet. Kanjeng Nabi Ibrahim nate ngendika makaten : Duh para putraningsun, satemene Allah wus karsa milihake kanggo sira kabeh agama (Islam), ing mangkono aja nganti sira mati kejaba sira wus kelebu wong sing pasrah (muslimun), QS 2:132.

Shalawat sarta salam mugi kaparingna dhumateng panjenenganipun Bagindha Rasul s.a.w sakukuban, sumrambahipun dhumateng para sekabat dalah para panjurung (pengikut) dhumateng al Islam ngantos dumugi titi-wancining dinten Qiyamat mangke.

Amma Ba’du.


Sampun sawatawis dangu anggen kula ngentha-entha sageda para putra wayah Natadipura sami wanuh, nyawiji, gembleng anggenipun silaturrahmi, nglanggengaken aggenipun pasedherekan. Kamangka menawi anggenipun kepanggih satunggal lan satunggalipun namung kala-kala, upaminipun dhong pinuju wonten kempalan halal-bi-halal Natadipuran , kadospundi aggenipun saged wanuh sanget ? Punapa malih ingkang naminipun wanci punika terus majeng, para pakdhe, budhe, bapak, ibu, paklik, bulik, lan sapiturutipin tartamtu sampun sami ngunduri sepuh. Samanten ugi ingkang mudha, ugi badhe nggodag yuswa. Para putra wayah lan buyut Natadipuran ugi sami mencar anggenipun ngayahi bebrayan, mboten sedaya nglempak ing satunggiling daerah : wiwit Jember ngantos Kuala Lumpur. Mangke lajeng kadospundi sagedipun kita sedaya nglestantunaken anggen kita pasedherekan tuwin silaturrahmi?

Nanging rahayunipun, ing jaman samangke punika wonten ingkang kawastanan Internet. Sok sintena kemawon uger saged akses internet, tartamtu saged komunikasi. Malah ing kalenggahan punika, mawi Internet saged komunikasi sarana e-mail, messenger, lan telepon kanthi mirah. Mboten namung text, nanging gambar foto lan dokumen kalebet e-book saged kakintunaken. Manawi para sedherek sampun sami kagungan komputer PC utawi laptop kantun mundhut modem langganan saking perusahaan telekom kadosta Indosat utawi Telkomsel supados saged sambet kaliyan Internet.. Ingkang kaleresan dereng kagungan laptop, saged tindak dateng Warnet upami badhe ngersakaken komunikasi sarana Internet.

Kula gadhah pamanggih, sok sintena kedhah saged migunakaken Internet, sumrambahipun dhumateng para putra wayah Natadipuran. Kathah sanget ingkang saged kaentha, karipta, lan karekadaya mawi Internet, kalebet silaturrahminipun trah Natadipuran.

Ing kalenggahan punika, Tunjung Tejorini Lulu S. Darmatin, wayah Natadipuran saking garisipun Nugraha Natadiipura, badhe nyobi nyamektakaken Blog Site, kangge putra wayah Natadipuran. Tartamtu taksih kathah kekiranganipun lan pramila mugi kersaa para putra wayah paring saruwe murih saenipun.

Wasana nyumanggakaken.
Alhamdulillah.
Billahittaufik wassabihil haq.
Wassalamulalaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar